Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama,
tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe
kena kaperang dadi 5, yaiku :
1. Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih
kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).
2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
A. BASA MADYA
Basa
Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku
tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe
dening wong ing desa lan pegunungan. Manut wujude, Basa Madya diperang
dadi 3, yaiku :
1. Madya Ngoko.
Basa Madya Ngoko wujude tembung :
- Madya (ater-ater lan panambang
ngoko)
- Ngoko
- Dika, mang, samanng
Ciri-cirine Basa Madya Ngoko
antarane :
- Aku, dadi kula
- Kowé, diowahi dadi dika
- Ater-ater tak- diowahi dadi kula
- Ater-ater ko-diowahi
dadi dika
- Ater-ater di- ora owah
Kanggone Basa Madya Ngoko iku
lumrahe :
- Bakul padha bakul
- Priyayi marang sor-sorane
Tuladha :
- Dika niku klebu beja, olehe
panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta?
- Pundi woh-wohané sing
becik-becik niku?
- Niku napa kirang becik?
2. Madyantara.
Basa Madyantara iku wujude tembung :
Basa Madyantara iku wujude tembung :
- Madya (ater-ater lan panambang
ngoko)
- Ngoko
- Kang slira (sampeyan),
pangkate, sesebutan (peprenahan)
Ciri-cirine Basa Madyantara :
- Aku, diowahi dadi kula
- Kowé, diowahi dadi sampéyan,
samang
- Ater-ater tak-, diowahi dadi
kula
- Ater-ater ko-, diowahi dadi
samang, mang
- Panambang -ku, diowahi dadi
kula
- Panambang -mu, diowahi dadi
sampéyan, samang
- Panambang -e tetep ora owah
Sing nganggo Basa Madyantara :
- Wong padesan marang wong liya
kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan
- Padha-padha priyayi sing wis
kulina
- Bojone priyayi marang sing
lanang (yen durung kulina)
- Priyayi marang sanake tuwa kang
luwih asor
Tuladha :
- Sampeyan niku pripun ta mas,
seprika-sepriki kok boten enten sudane
- A migunakaké Basa Madya Ngoko,
B migunakaké Basa Madya Krama.
A : “É, Yu nggéndhong lurik, ndika
mandheg sedhéla”.
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.
3. Madya Krama.
Basa Madya Krama iku wujude tembung :
- Madya (ater-ater lan panambang
ngoko)
- Krama lan krama inggil
- Sampeyan, pangkat,
sesebutan/peprenahan
Ciri-ciriné antara liya:
- Aku, diowahi dadi kula
- Kowé, diowahi dadi sampéyan
utawa samang
- Ater-ater tak-, diowahi dadi
kula
- Ater-ater ko-, diowahi dadi
samang, mang
- Ater-ater di-, tetep ora owah.
Sing nganggo Basa Madya Krama :
- Padha=padha priyayi sing wis
kulina
- Bojone priyayi marang sing
lanang (yen durung ngoko)
Tuladha ;
- Mas, tinimbang sampeyan ngresula
ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng
Pangeran pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala.
- (A Ibuné B Kula)
A: “Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametané apa wis kok
pikir?”
B: “Rak siyos bénjing tanggal 7, wulan Rabingulakir
ngajeng niki ta?”
A: “Iya”.
B: “Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu”.
A: “Rak ya wis cedhak”.
(sumber panulisan : jv.wikipedia.org
lan cathethan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)
B.
BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa
Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2,
yaiku :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
- Wong tuwa marang bocah enom
- Wong kang sadrajad utawa wis
raket sesrawungane
- Wong apangkat dhuwur marang
pegawene
- Bocah cilik karo kancane
- Ngunandika (ngomong dhewe)
2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta
luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur
tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni
sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo
guneman antarane :
- Sedulur tuwa marang sedulur
enom kang luwih dhuwur drajade
- Bojone priyayi marang sing
lanang
- Priyayi marang priyayi yen wis
ngoko-ngokonan (kulina/raket)
Basa ngoko andhap bisa diperang dadi
:
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
- Aku, tetep ora owah
- Kowe, kanggo pawongan kang diajeni
diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
- Ater-ater dak-, ko-, di-
lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Tuladha :
- Mas, aku nyuwun ngampil
kagungane buku sewengi wae.
- Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal
iku tindak ngendi?
- Wah, adhimas ki rada ngece.
Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil
lan krama). Ciri-cirine :
- Aku, tetep ora owah
- Kowe, kanggo pawongan kang diajeni
diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
- Ater-ater dak-, ko-, di-
tetep ora owah
Tuladha :
- Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa
marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu,
muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh
sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
- Dak arani sliramu dhèk mau
bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé
baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora
ana pedhot-pedhoté.
(sumber tulisan : jv.wikipedia.org
lan cathetan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)
C.
BASA KRAMA
1. Krama Inggil
Bahasa krama inggil itu lebih
menghargai orang lain, juga disebut basa krama halus.
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru.
2. Krama Lugu
Contohnya.
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.
Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru.
2. Krama Lugu
Kalimat
berbahasa Jawa ragam Krama lugu : adalah kalimat yang didalamnya terdiri dari
kata-kata berbahasa Jawa krama, kalimat ini biasanya digunakan untuk
membahasakan diri sendiri. Terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama.
Contoh " Kula dereng tilem."
D.
BASA KEDHATON
Basa Kedhaton yaiku basa kang
kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing
wektu seba ing ngarsaning ratu.
Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewone basa kedhaton liyane :
nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki
Conto :
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewone basa kedhaton liyane :
nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki
E.
BASA KASAR
Digunakan oleh rakyat banyak
sehari-hari yang menurut bahasa memakai kata-kata yang tergolong kasar atau
tidak sopan, biasa digunakan oleh orang yang tidak pernah belajar undak usuk
basa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar